Kamis, 22 Mei 2014

Lawang Sewu



     Ing kutha Semarang, akeh panggonan kang nengsemake kanggo plesiran sakeluarga.Kutha Semarang kang dadi ibukotane Propinsi Jawa Tengah kalebu kutha gedhe ing Indonesia.Semarang awujud kutha gedhe kawit saka jaman pemerintah penjajah Belanda, buktine yaiku kantor pusate perusahaan kereta api (trem) Belanda ana ing kutha iki.Kantor pusat Nederlandsch Indisch Spoorweg Naatschappij utawa kasebut NIS iki manggon ing sawijining gedhung megah arsitektur Belanda.Kang ngerancang bangunan iki arsitek saka Belanda yaiku Prof. Jacob F. Klinkhamer lan B.J. Queendag.Gedhung iki dening warga Semarang kasebut Gedhung Lawang Sewu amarga duweni lawang kang akeh cacahe.
    Ora angel nggoleki lokasi gedhung tuwa iki amarga panggonan cedhak karo Monumen Tugu Muda lan dadi salah sijine sudhut kutha Semarang.Gedhung kuna iki cathethan sejarah, dibangun wektu taun 1903 lan diresmikake tanggal 1 Juli 1907.
    Bangunan kuna iki sawise kemerdekaan dadi Kantor Jawatan Kereta Api Indonesia, Kantor Kodam IV/Diponegoro, lan uga dadi kantor Wilayah Departemen Perhubungan Jawa Tengah.
    Lawang Sewu dadi lokasi pertempuran antarane pemuda AMKA karo Kompetai lan Kido Buati Jepang.Amarga iku, Pemerintah Kota Semarang Ngalebokake Lawang Sewu dadi salah sijine bangunan kuno utawa bersejarah kang dilindungi.

                         (kapethik saka:www.freshwell.com)        
       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar